Paijo nulis layang kanggo Bapakne sing nyambut gawe ana Bandung. Rampung nulis layang Paijo mangkat menyang Kantor Pos Bantul arep kirim layang. Tekan Kantor Pos, Paijo takon karo Pak Pos.
Paijo : Pak, kintun serat Kilat Khusus dhateng Semarang pinten dinten dugine?
Pak Pos : 2 dina Le..
Paijo : Nek saking Semarang dhateng Jakarta pinten dinten pak?
Pak Pos : Padha wae, 2 dina..
Paijo : Lha nek Jakarta dhateng Bandung pinten dinten pak?
Pak Pos : 2 dina…
Paijo : Oooo… dados nek saking Bantul dugi Bandung 6 dinten nggih pak?
Pak Pos : Kowe bar mangan sepur kluthuk, apa piye le ??? Koq pinter banget….



















